Kamis, 29 Agustus 2013

Syi'ir Santri Wathon

Yaa Rasulalloh salamun alaik
Yaa rofi'asyyaani waddaroji
Athfatay ya jiirotal alami
Yaa uhailal juudi wal karomi x2


Aku kang santri seng paling melas
Tanpo bayaran nglakoni tugas
Ora perduli udan lan panas
Alhamdulillah awakku waras x2

Tugasku ro'an gowo gledekan
Sarungku elek awut awutan
Aku rak butuh pangkat jabatan
Aku wes nrimo urip glangsuran x2

Yaa allah gusti kang moho welas
Aku dikiro wong ora waras
Rak opo-opo aku wes ikhlas
Seng waras ngalah, seng ngalah waras x2

Wahai pemimpin wahai pejabat
Awakku iki dadi nasihat
Atiku seneng rak tau sambat
Senajan mlarat uripku ni'mat x2

Saiki aku dadi Kyai
Iku jarene sing dho ngarani
Padahal ndisik ro'an telat ngaji
Tapi saiki malah di ajeni x2

Aku rak seneng rebutan kursi
Aku ora duwe bakat korupsi
Aku wis nerimo dadi kyai
Ananging kantong ku kebak isi x2

Aku wes nerimo titahe gusti
Aku rak kudu nyalon bupati
Seng tak karepke ing jero ati
Sedulur santri sing sregep ngaji x2

0 komentar:

Posting Komentar

Design by Abdul Munir Visit Original Post Islamic2 Template