Rabu, 28 Agustus 2013

Syi'ir HAbib syekh (sholli wassalim)

#Sholli wasallimdaiman alahmada
#wal ali wal ashabi man qad wahhada
Ayo do ngurangi, nonton televisi
timbang nonton tv, luwih becik ngaji
Ahbabuul musthofa, wadah kanggo ngaji
Kumpul poro habaib Lan poro Habaib
  • Eman wong islam ninggal sholat wengi
  • saben dalu turu ora gelem tangi
  • sholat wengi ngono disenengi Gusti
  • sopo gelem nyuwun pasti diparingi
# yen pengen nyenengne atine kanjeng Nabi
# ayo baren-bareng sregep melu ngaji
# yen atine karep mesti ora nglali
# saben waktu ngaji ora gawe keri
  • ojo seneng guyon yen waktu ngaji
  • opo maneh sms mlaku riwa riwi
  • lungguhe sing anteng rungokno sing titis
  • ilmu yen manfaat kanggo sangu mati
# klambine you can see utawa press body
# buka aurote ora duwe wedi
# ngunu kuwi podho karo buka wadi
# bakal nrima sikso suk yen wes koe mati
  • lanang karo wadon podo kluyuran
  • pamit nang wong tuwo jare pengajian
  • eh nyatane malah do pacar2an
  • budhal saka ngaji do bonceng boncengan
# lanang karo wadon manggon sepi sepi
# nganti senggal senggol koyo kebo sapi
# ngono kuwi duso nurut cara nabi
# ojo diterusno yen durung di rabi
  • Ing wulan romadhon ayo bareng poso,
  • nglakoni printahe alloh kang kuoso,.
  • Nderes moco qur'an kanggo seng wes biso,
  • wengi sholat terawih kanggo nglebur doso..
#Yen kahanan longgar mikiro tonggone
#takon reng butuhe kang dadi belanjane
#senajan butoh utang enggal di parengne
#nanging ojo nganti njalok anak'ane
  • Lungo menyang sawah,ngumbolke layangan ...
  • pamite sekolah jebule yang yangan...
  • numpak motor podo cekelan neng bangke'an,....
  • nyetrom tekan pikiran mak plenting telong wulan...
#Akih anak podo matur tahlilan bid'ah
#Akih anak podo matur sholawatan bid'ah
#Bapak-ibu ora jawab sebabe susah
#durong-durong anak iki koq ora genah
  • Akih mantu podo yaassinan duso
  • Akih mantu podo tahlilan duso
  • moro tuo ora jawab sebabe kroso
  • durong-durong mantu iki koq uwes loro

0 komentar:

Posting Komentar

Design by Abdul Munir Visit Original Post Islamic2 Template